Nuwun Sewu Mas nderek nimbrung mumpung lg ada waktu.
Selain mau ngalap berkah gunungan biasanya banyak yg jual telur yg di
warnai kebanyakan sih warnanya merah, biasanya sih aku slalu inget
sekaten klo pas di sini pd merayakan hari paskah soale banyak anak2 di
sekolah ato TK pasti ada acara mewarnai telur & cari telur di kebun ato
di halaman pokoke gayeng kiyi buat anak2.
Emangnya sekatennya itu kapan mas, sape tau bisa mudik trus liat
Salam
--
Homepage:
http://members.chello.at/kain.albert/
sekaten berlangsung dari tanggal 11 maret 2005 hingga 22 april 2005
"SEKATEN: MLEBUNE KOK LARANG?"
Wiwit tanggal 11 Maret 2005 kepungkur utawa yen ing sasi Jawa tiba sasi
Sapar, pahargyan Sekaten Yogyakarta taun iki wis dibukak maneh kanthi
resmi dening Gubernur DIY kang uga minangka Ratu ing tlatah
Ngayogyakarta yaiku Sri Sultan Hamengkubuwana Kaping X. Sekaten ing
taun iki lumaku tekan tanggal 22 April 2005 utawa sasi Jawa tanggal 13
Mulud ngepasi pengetan mijile Nabi Muhammad SAW. Pahargyan Sekaten
kagelar kira-kira suwene patang puluhan dina. Lan ing tanggal 22 April
2005 iku uga upacara Grebeg Mulud dianakake dening Kraton Kasultanan
kanggo kawulane. Pahargyan Sekaten ing taun iki dijenengake Jogja Expo
Sekaten utawa JES. Dadi miturut sing duwe gawe, kegiyatan iki ora mung
nggelar tradhisi sekaten thok kang suwene seminggu wiwit gamelan muni
nganti upacara grebeg, nanging sing baku uga nggelar ekspo kang tegese
dodolan lan tawa produk-produk dagangan lan jasa saka maneka warna
jinis, sing uga dijenengi Pasar Malam Sekaten.
Gandheng ing taun iki lan taun sadurunge, yaiku taun 2004 kepungkur,
pahargyan Sekaten wis dipasrahake dening pehak swasta, mula garapane
luwih tumata, dadi ora aneh yen katon luwih resik, luwih adhem, ora
jeblog, lan dadi luwih katon perbawane. Nanging kanthi anane
owah-owahan sing gedhen mau ora ateges masarakat bisa sakepenake mlebu
blusak-blusuk kanthi gratis. Suwalike masarakat gelem ora gelem kudu
tuku karcis dhisik sadurunge bisa mlebu ing papan sekaten. Regane
karcis ora tanggung-tanggung, kira-kira Rp 3.500-Rp 4.000 sauwong,
sepisan mlebu. Kanggone masarakat cilik, rega karcis kasebut dianggep
larang. Apa maneh ing wektu kaya ngene iki, nalika rega BBM lan
barang-barang liyane wis padha mundhak lan larang regane. Nyatane
pancen akeh masarakat sing padha protes nalika rega karcis semono
dhuwure. Ora ketang sawise rong minggu Sekaten lumaku, rega karcis
kaudhunake Rp 500 dadine sepisan mlebu Rp 3.000-Rp 3.500 sauwong.
Nanging sepisan maneh, mudhune rega karcis Rp 500 dianggep dening
sebageyan masarakat isih kelarangen.
Sing perlu digatekake maneh, wis rong taun iki, pahargyan Sekaten
kaya-kayane luwih ngepenake aspek ekonomi, luwih mentingake bathi rugi
katimbang aspek budaya lan tradhisi. Nalika aspek ekonomi lan bathi
rugi sing katengenake, ora mokal aspek budaya lan tradhisi suwe-suwe
dadi luntur dan ilang. Yen wis ngono entuk-entukake ya mung kulite ora
nganti daginge. Sakliyane iku nalika pahargyan Sekaten wis dadi ajang
bisnis, dadine sing bisa ndelok mung wong-wong sing sugih dhuwit.
Tangeh lamun yen wong cilik wae bisa ndelok. Sing dianggo tuku karcis
wae apa, yen dhuwit ora nyekel, apa maneh kanggo mangan wae kangelan.
Yen wis ngono apa ora ateges nyingkirake wong cilik utawa wong mlarat
saka pasar malam sekaten?
Dieling-eling saja tanggalnya dihitung pd tanggal Masehi kira-kira maju
10 hari
Biasane rame-rame sekaten itu kurang lebih 40 hari total termasuk
perayaan inti
1 bulan pertama kayak fair (pekan raya) ato lebih umum disebut pasar
malem. 1 minggu terakhir adalah perayaan inti sekaten-nya.
Pengunjungnya berlimpah ruah termasuk copetnya. Pengunjung ingin nonton
/ mendengarkan gamelan sekaten (Nogowilogo & Guntur Madu /kraton jogja)
ditabuh mulai sore habis sholat isya sampai tengah malam. sekalian
nonton pasarmalem. 1 minggu terakhir itu gratis tidak bayar lagi. Sebab
sejarahnya sekaten itu diawali jaman kraton Demak untuk syiar agama
Islam. Wong syiar kok dikon mbayar ya? Agama & Bisnis bisa sejalan
tetapi agama & ilmu selalu berbenturan