Google Groups no longer supports new Usenet posts or subscriptions. Historical content remains viewable.
Dismiss

bapa kami, salam, maria, aku percaya

3 views
Skip to first unread message

gatho

unread,
Apr 29, 2008, 8:13:19 AM4/29/08
to
Kunjuk ing asma dalem Hyang Rama, Saha Hyang Putra, Tuwin Hyang Roh
Suci, Amin


KANJENG RAMA
Kanjeng Rama ing suwarga
Mugi asma Dalem kaluhurna
Kraton Dalem kawiyarna
Ing donya inggih kalampahana
Karsa Dalem kados ing suwarga.
Abdi Dalem sami nyadong paring Dalem rejeki kangge sapunika
Sakathahing lepat nyuwun pangapunten Dalem
Kados dene anggen kawula ugi ngapunten dateng sesami
Abdi Dalem nyuwun lepat saking panggoda
Saha tinebihna saking piawon.
Amin.

SEMBAH BEKTI
Sembah bekti kawula Dewi Mariah
Kekasihing Allah
Pangerang nunggil ing Panjenengan Dalem
Sami-sami wanita, Sang Dewi pinuji piyambak
Saha pinuji ugi wohing salira Dalem Sri Yesus
Dewi Mariah, ibuning Allah
Kawula tiyang dosa
Sami nyuwun pangestu Dalem
Sak mangke tuwin benjing dumugining pejah.
Amin.

KAWULA PITADOS
Kawula pitados ing Allah, Rama Sang Mahakuwasa, ingkang nitahaken bumi
langit. Saha ing Gusti Yesus Kristus, Putra Dalem ontang-anting,
Pangeran kawula. Ingkang miyos saking Ibu Kenya Maria, kagarba dening
kuwasa Dalem Hyang Roh Suci. Ingkang nandhang sangsara nalika
jamanipun Ponsius Pilatus, saha kapenthang, seda sarta kasarekaken.
Tedhak dhateng papan pangentosan, tigang dintenipun wungu saking seda.
Mekrad dhateng swarga, pinarak ing satengen Dalem Allah, Rama Sang
Mahakuwasa. Saking ngriku badhe rawuh ngadili para tiyang gesang utawi
pejah. Kawula pitados ing Hyang Roh Suci. Pasamuwan Katulik ingkang
suci, lan panunggiling para Suci. Pangapuntening dosa. Tangining
badan. Saha gesang langgeng. Amin.


MUGI LINUHURNA
Mugi linuhurna Hyang Rama, saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh Suci.
Kados ing mulabuka, sapunika, sarta ing salami-laminipun.

PINUJIA
Pinujia Asma Dalem Sri Yesus, Dewi Maria lan Santo Yusup, Sak Menika
sarta langgeng. Amin

Petoeroek

unread,
Apr 29, 2008, 10:33:17 AM4/29/08
to
BABAK BUNDHAS SEMUA......
sing tuwek tidak merasa tuwek, sing enom merasa tuwek.
Silahkan istirahat dulu! minum kopi dan makan singkong godog !!!

"gatho" <gath...@yahoo.com> wrote in message
news:cb77ef46-0c95-4f19...@y22g2000prd.googlegroups.com...

0 new messages