Cak Sur ngongkon Pi’i nang dhukun Pendhik ndhik tanggul Lapindo. ”Koen iku gak isok kejempok dhokter, obat. Be’e nggawe ramuan dhukun isok waras.”
Ndilalah Pi’i gelem. Pendik langsung nyemplungna endhog 12 nang lumpur Lapindo sampek setengah mateng. Endhog dibukak, Pendik mencureng. ”Ditontok tekok endhog iki, untumu lara gara-gara gak tau sikatan, ancen kemproh!”
Pipine Pi’i diolesi lumpur Lapindo. Anget. Pendik masang kayu cilik cik Pi’i isok mangap terus. ”Aku kuwatir koen mingkem. Lek tanganku kecokot, kuwatir tetanus.”
Cangkeme Pi’i diganjel. Bareng kate ngulet ramuan endhog ambek lumpur, Pendik entuk telpun. ”Opo, Ning? Hah? Kompore lali gak dipateni? Yo, aku mulih.”
”Tak
mulih dhiluk mateni kompor,” jare Pendik. Pi’i manthuk, cangkeme gak isok
mingkem.
Mari mateni kompor, anake Pendik ngringkik njaluk diterno renang. ”Dhiluk ae,
Pak. Aku engkok mulih dhewe.” Pendik ngeterno nang kolam renang. Ealah, tibakno
anake gurung isok renang, Pendik kudu ngajari. Mari ngono ditelpun Ning Ya,
bojone. ”Cak, mampira nang Pasar Keputran kulakan terong. Onok pesenan penyet
terong tekok Istana Presiden digawe nyuguhi tamu tekok Uganda.”
Tekok omah, kekeselen, Pendik langsung turu. Mene wis dijaluki anake njukuk rapor sampek awan. Sore ngeterna terong penyet nang Bandara Juanda. Pesawate telat, ngenteni sampek bengi. Bareng tangi esuke, Pendik kaget. ”Lho, aku lak duwe pasien nang tanggul Lapindo!” Pendik ngebut marani Pi’i. Bareng ditontok, Pi’i wis jamuren. Arek iku jik mangap, cangkeme diganjel kayu.