Assalamu'alaikum Mar.
Mendadak punya ide, sakjane wis rodo suwe tur lola-lali trs.
Dadi ngene ceritane...
wah, angel jg le njelaske...
sik-rik rambutku gatel, durung kramas.
Pokomen, ngene, saiki neng jogja wis mulai kebak uwong. Wong jogja yo soyo suwe beranak-pinak. Ditambahi wong luar jogja sik sekolah neng jogja njuk demen ro jogja njuk wegah mulih neng daerah asale, njuk kawin neng jogja njuk beranak-pinak jg. Otomatis donk, nek urip neng jogja njuk do butuh omah neng jogja. OK, ra masalah yen le do nduwe omah ki cen neng daerah sik disiapke nggo permukiman. Opo lahan sik kurang produktif. Tp sik dadi masalah ki yo nek njut sawah karo kebon sik kudune tukul wit2an, tapi malah tukul watu. Lha wong do dikeduki nggo gawe pondasi.
Ditambah maneh, mbiyen pas isih bocah aku seneng dolan neng kali. Jenenge kali Bedog. Banyune bening minthilihir. Nek isuk2 mesti ono kabut. Njuk nek aku ngabab "HAH!" seko cangkemku metu kebul koyo nggon film2 musim dingin kae. Nek adus isuk2 seger tenan. Njuk dede neng ngisor srengenge sik sinar e nembus seko celah2 wit pring. Golek urang ning ngisor bongkahan watu kali iso nemu sik guedhi guedhi. Samping kali ono sawah ditanduri telo. Tak bedhol, njuk tak bakar karo urang e mau. Uenaaak tenan cuk, aku berasa koyo Rob Bredel host- e Killer instinct nggon tivi kae. Tp saiki kali bedog gur tinggal crito. Neng pinggiran sungai bedog rodo hulu kono do digaweni perumahan sik limbah rumah tanggane langsung mili neng kali. Njuk le do mbuang sampah yo neng kali. Iki amergo Developer perumahan sik ra berwawasan lingkungan (tidak membuat septic tank utk rumah2), opo cen jenis menungso ne sik do crobo.
Prihatin aku cah, prihatin.
Opo maneh wingi 2 hari ki aku neng jogja. Liwat ring road udan2. Mbiyen ra tau ring road ki banjir koyo ngono kuwi, tp saiki, ruko2 wis do tumbuh. Mbiyen kudune banyu udan ki mili neng pinggir dalan, saiki dadi do mili neng tengah ndalan.
Misal ki, misal, ning naudzubillahi min dzalik, jogja dadi banjir koyo jakarta, mgko sik di salahno pemerintah, padahal kuwi akibat ulah2 wong2 sik ra berwawasan lingkungan.
Mulo oleh karena itu, aku ngajak awak ku dewe lan sobat martoyo kabeh. Mulai seko saiki wis kudu memikirkan perkoro koyo mengkono iku. Ojo nganti kedadean lah, jogja remuk koyo jakarta. Macet, banjir, kumuh. Ojo nganti.
Bumi sik dititipke Gusti Pangeran kanggo awak dewe iki gur ono siji. Mulo kuwi, awak dewe kudu njogo tenan. Kita gagal bukan karena tidak tahu, tapi karena kita tidak peduli. Ojo nganti lah, anak putu kita nyalahke awak dewe, ngunek e kita dzolim kpd mereka krn awak dewe ora iso njogo tempat sik dinggo urip mereka neng masa depan e ngko.
Mugo-mugo martoyo foundation, mbuh engko kapan, iso merespon perkoro koyo mengkene iki. Misal e gawe program nandur uwit. Opo sik luar biasa maneh, misale, mbebaske lahan sik ora produktif njuk ditanduri wit2an nggo gawe hutan ra ketang gur 100 meter wis lumayan.
Wis semono wae sik seko aku.
"Awak dewe ki iso dibilang egois nek ora iso nyediakno papan urip sik penak adem ayem tentrem silir mintilihir resik kintilisit nggo keturunan e awak dewe"