intermezo. leren sik kerjone sedelok nggo moco imil
Iki critane arek suroboyo....
Sing wis tau krungu... yo wis, ra po po to moco maneh.....
Mat Pithi Numpak Pesawat
Iki crito soal pengalamane Mat Pithi waktu budal nang Jerman numpak
pesawat. Sekali sekali rek ndelok piala dunia secara langsung …… bosen
ndelok Liga Indonesia tok soale nek sing main Persebaya pasti akeh
tawurane timbang bal-balane. Oh iyo, kabeh pembicaraan nang cerito iki
asline nggae bahasa Inggris, cumak wis diterjemahno ambek penulis nang boso
Suroboyoan cek sampeyan2 ngerti kabeh.
Critane Mat Pithi milih numpak Singapore Airlines. Soale masio tikete rodok
larang tapi krungu2 pelayanane SQ iku jare sing terbaik sak dunia, pesawate
generasi anyar kabeh, fasilitase canggih, panganane yo enak, terus sing
penting pramugarine ayu2 & dukur2 (maksute rok’e sing dukur).
Tiba’e bener …… perjalanan mulai teko Juanda sampek meh tekan Jerman gak
tau sepi teko panganan. Begitu juga ngombe. Pokok’e nek ketok gelase
penumpang isine kari sitik ambek pramugari langsung ditawari nambah utowo
ganti pesen liyane. Mat Pithi wetenge sampek kuwarek’en gara2 terus terusan
mangan & ngombe. Mari mangan steak unto, ngombe jus strawberry. Trus nambah
kopi susu, pesen burger salmon ambek wedang jahe, nambah tuak, es tebu
akhire pesen kupang & es degan. Iku ae dhe’e jik pingin pesen lorjuk &
rambak katak digae camilan, saking gak onok. Jare pramugarine ngene “Nek
pesen panganan sing iku nango Kenjeran ae Cak, ojo ndik kene”. Gendeng
pancen Mat Pithi … pesawat dianggep koyok warung ae. Akibate yo wis mesti,
durung sampek tekan Jerman Mat Pithi wis kebelet ………
Mat Pithi langsung mlayu nang toilet. Ndilalah pas tekan kono, toilet
lanange onok uwonge. Mat Pithi bingung, raine mulai pucet karena ngempet,
kringete mulai metu sak jagung jagung. Pramugarine mesakno ndelok Mat Pithi
koyok ngono akhire ngomong ngene “Yo wis Cak, sampeyan nggaweo toilet cewek
ae. Tapi ojok sampek mijet tombol2 sing onok ndik njero yo. Pokok’e nek wis
mari ngising ndang siramen trus metuo”. Pramugarine terpaksa ngijinno Mat
Pithi mlebu toilet cewek. Pikire ngene “Timbang wong iku kebobolan nang
karpet, engko yo aku dewe sing repot ngepel”
Mat Pithi nang njero toilet cewek. Lego wis …. mari ngising & nguyuh. Lha
nang kono dhe’e pancen ndelok akeh tombol2 sing onok tulisane WW, WA, PP &
ATR. Dasare arek Suroboyo, Mat Pithi tambah penasaran tombol2 iku digae opo
ae, trus opo’o dhe’e kok dilarang mijet tombol2 iku ambek pramugarine. Ilmu
kebone mulai metu. Kebo iku nek disurung sungune lak malah nyurung ta.
Podho ambek Mat Pithi, nek dilarang malah koyok dikongkon.
Mat Pithi mulai ati2 nyoba mijet tombol WW…… langsung srooooootttt… metu
banyu anget nyemprot silite. “Oh, tiba’e iki artine Warm Water digae cewok
… wah, enak’e rek toilet cewek” batine Mat Pithi.
Mat Pithi tambah penasaran .. dhe’e nyoba mijet tombol liyane. Mat Pithi
mijet tombol WA … whuuuussss …..langsung metu udara anget digae pengering.
“Mmm.. tiba’e WA iki artine Warm Air. Mangkane wong wedok cik betahe suwi
nang njero tiolet, lha wong fasilitase koyok ngene”
Terus Mat Pithi mijet tombol PP. Langsung metu bantalane wedak (Powder
Puff) medak’i silite sing wis garing. Mat Pithi tambah kagum campur
nggumun, tapi yo kudu ngguyu … “Hahahaha…. taek .. taek, lek nang Suroboyo
umume sing diwedak’i iku lak rai ta. Kok nang kene silit barang diwedak’i”
Mat Pithi sing tambah penasaran akhire gak ragu ragu maneh mijet tombol ATR
………… Grobyaaakkk… Mat Pithi tibo jempalitan teko toilet, awak’e glocoran
getih …..Mat Pithi semaput, dunia koyok dadi peteng. Pas sadar Mat Pithi
wis turu nang kasure rumah sakit, onok selang infus mancep nang tangan
tengene, nang sebelahe onok alat monitoring detak jantung. Mat Pithi
bingung puoll … Dhe’e takon nang perawat sing jogo “Sus, yok opo critane
kok aku iso sampek diopname nang rumah sakit, padahal maune kan nang njero
toilet pesawat”.
Perawat iku mau terus nerangno … “Ngene Cak…. nurut hasil investigasine kru
pesawat, waktu iku sampeyan mlebu toilet cewek, trus mijet tombol ATR.
Padahal tombol iku artine kan Automatic Tampon Removal, fungsine digawe
nyopot tampon secara otomatis. Sampeyan ngerti gak .. tampon iku lak
pembalut wanita sing bentuk’e batangan, trus dilebokno nang “anune” cewek.
Akibate lek sing nggawe wong lanang yo ngene iki, manuk sampeyan ketarik
alat iku !!!”.
“@#%#%*9$*@#, duobol, kirik, juamput, taek, asu” Mat Pithi misuh misuh gak
karuan nang njero ati. “Trus yok opo iki Sus” saking bingunge Mat Pithi
sampek gak eruh opo sing arep ditakokno. “Sampeyan gak usah kuatir Cak,
kabeh biaya pengobatan ditanggung SQ ditambah sampeyan oleh tiket gratis
gae balik nang Suroboyo” “Lha trus manukku ?” “Tenang ae …. RS nang Jerman
iki canggih2. Manuk sampeyan wis disambung maneh dan jare tim dokter iso
berfungsi normal koyok biyen” “Hah, koyok biyen maneh??? lak cilik rek
!!!!. Jancuuuuuuuuuukkk…. ngerti ngono aku njaluk disambung ambek manuk’e
jaran mumpung gratis” khusus sing iki Mat Pithi ngomonge nggae boso
suroboyoan. “What did you say ???” jare sustere.
Oooalahh Mat .. Mat, nasibmu pancen apes. Tiwas adoh2 budhal nang Jerman,
entek duwit akeh, tiba’e tekan kono mlebu rumah sakit. Akhire Mat Pithi mek
iso ndelok bal-balan nang TVne rumah sakit. Lha nek cumak ngono ae lak
podho karo sing ndik Indonesia rek.......................
ps:crito soko jerman (jejere kauman).
________________________________
| TOP JEMPOL PAPAT! lucu bianget iki --- On Wed, 2/25/09, HERO PRASETYO S.S <hero.p...@pajak.go..id> wrote: |
Terus Mat Pithi mijet tombol PP.. Langsung metu bantalane wedak (Powder |
Sent from my BlackBerry®
powered by INDOSAT 3.5G
| Huhh ditinggal sakdhiluk bae.. Anakku wingi panas, lah aku kudu melek.. sewengi tur gak enek sing mijeti.. piye iki coba.. abot tenan urip iki.. wuaaaaaa --- On Wed, 2/25/09, Roosana.n...@yahoo.com <Roosana.n...@yahoo.com> wrote: |
Aku yo gumun Nov, wong Jakal siji kae saiki bosone ancuk2an... hahaha.... |
|
yo..hahaha..sueneng aku.. (Tenan tho Tih...sithik-sithik do njedul..) |
Critane Mat Pithi milih numpak Singapore Airlines.. Soale masio tikete rodok |
karuan nang njero ati.. “Trus yok opo iki Sus” saking bingunge Mat |
|
iki canggih2.. Manuk sampeyan wis disambung maneh dan jare tim dokter iso |
| Hidayaaat.. udan terus pirang pirang dina, patunge kadhemen iki... Ning dibayangke dhewe yohh, aku ora tegel le ngarani bentukke.. ??#!!$.. !! --- On Wed, 2/25/09, hidayat saleh <hidayat....@gmail.com> wrote: |
From: hidayat saleh <hidayat....@gmail.com> |
To: depa...@googlegroups.com |
|
|
|
Sent from my BlackBerry®
powered by INDOSAT 3.5G
| Ngelih eee luwe ta pak? Ngomong "ngelih" nang suroboyo mung diguyu wong akeh. "Wah ampuh nggih tiyang ngayukyokarta.. jare luwe kok sanggup ngelih, ngelih lemari ta" |
| Tangi turu wes ngoceh "Ma Nonik nggak pa2kan masuk sekolah hari ini?".. padahal bengine ngecipris karo merem2melas banget "Besok nonik nggak sekolah nggak pa2ya ma, kan lagi sakit.. mama telpon TU aja, bilang nonik sakit maaf nggak bisa sekolah soalnya klo sakit kepala itu hrs istirahat nggak boleh dipaksa.. nggak boleh itu.... blah blah blah" Tks yah Nov.. Ning sing marai nggondhux, bapake mesthi pas keluar kota, tur pas udanne deres bianget... wuaaaaaa ..Hidayat awas kowe ngguya ngguyu |
--- On Thu, 2/26/09, Roosana.n...@yahoo.com <Roosana.n...@yahoo.com> wrote: |
From: Roosana.n...@yahoo.com <Roosana.n...@yahoo.com> |
|
|
|
|
|
|
|
Sent from my BlackBerry®
powered by INDOSAT 3.5G
| MAMA SIAGA gambare ilat melet: LOCK N LOLL MAAAA! |
--- On Thu, 2/26/09, HERO PRASETYO S.S <hero.p...@pajak.go.id> wrote: |
From: HERO PRASETYO S.S <hero.p...@pajak.go.id> |
To: "depa...@googlegroups.com" <depa...@googlegroups.com> |
Huhh ditinggal sakdhiluk bae... |
|
wis jok ndekem maneh.. Ki lho ben rame milis se... Ananto, cungkring karo |
Iki critane arek suroboyo..... |
podho karo sing ndik Indonesia rek........................ |
| Wahahahaaaa oalah belek... belek... ancenne nggilani anak buahmu dhisik Nov... |