[Banyuwangi89] Generasi Chatting

2 views
Skip to first unread message

A Khalis T

unread,
May 16, 2010, 11:05:56 PM5/16/10
to banyuwangi89 milis
Arek saiki pinter-pinter. Isok nulis ambek merem. Tontoken arek-arek lek
SMS-an. Tangane sitok ngupil ae sik isok nutul HP ngirim SMS.

Cak Sur nguwasi arek wedok sing lungguh ndhuk ngarepe. Areke manis,
ndhuk seragame onok tulisan jenenge: Ning Ya. Arek iku mangan penthol
celup ambek SMS-an. Matane gak nontok HP blas. Pas onok balesan, lagek
maca, dhiluk mesem, dhiluk mecucu.

Arek sak bemo nguthek HP-ne. Bareng ndhuk ngarep Royal Plaza, arek-arek
mudhun. Kok sopire eruh? Langganan ta?

“Temen, ya. Jare SMS-mu iku mau koen sing kate nraktir,” jare Ning Ya
nuduhna SMS ndhuk HP-ne.

Kancane mrenges, “Lho koen lak pasa. Iku SMS-mu.”

Cak Sur ambegan dawa. “Laopo kathik SMS lek lungguh jejer ndhuk bemo.
Njawil lak isok se.” Cak Sur takok nang sopir bemo. “Iku langganan
sampeyan, ta? Kok eruh lek mudhun Royal wong gak onok sing mencet bel.”

Pendik, sopire, mrenges. “Arek-arek iku mau SMS.”

Kok eruh nomere?

Pendik nuding cendhela, onok nomere sopir. Ealah, kate mudhun ae SMS.




Reply all
Reply to author
Forward
0 new messages